Gusti Maha Welas
Gusti Maha Welas
Kira-kira jam tengah wolu esuk, para anggota perangkat desa ing Desa SumberMulyo wis padha teka, amerga dina iku ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi ing Desa Sumbermulyo iku dianakake pendak telung taun sepisan.
Kabeh warga kirap mubengi desa ngarak wulu wetuning desa kanthi dientha-entha gunungan. Sakwise kui diterusake tontonan, sing paragane iyo para warga kono wae , kanthi mentaske budaya seni sing uwis disiapke. Mengko minangka panutup tradisi yaiku wayangan sawengi natas ing bale desa.
Tukang reresik bale seng jenenge Pak Wiro , nata meja kursi sing arep kanggo rapat malah ora melbu gawe Pak Lurah bingung.
Gek ana apa ? Mangka adat saben, Pak Wiro kuwi mesthi sregep, gaweyan sing dadi kawijabane ditandangi dhisik, sadhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane. Mula perangkat desa uwis siap, lan rapat arep diwiwiti, Pak Lurah menyang pawong nggoleki Bu Luruh njur ngendika.
Bu,,,,, nek pawon wis akeh sing rewang nandangi kanggo nyunggata sing rapat,,, sameyan menyang omahe Pak Wiro disambangi, ganeya kok ora melbu nyambut gawe ?? Bu LUrah sumaguh, lan terus tindak ning omahe Pak Wiro.
Tekan omah Pak Wiro tinemu tutupan suwung, gek dha nyang ngendi ? Anake Pak Wiro lanang wadon, Diran lan Marti. Diran linggguh ing sekolah STM, dene Marti lagi SMP. Bocah loro kuwi padha sregep sekolahe, ora tau nunggak.
Mulih saka sekolah, ya padha ngerti ngrewangi gaweyan wong tuwa. Yen libur Diran mbantu Bapake, gaweyan reresik kebon lan nata bale sakwise bubar kantor.
Bu Lurah pirsa omahe Pak Wiro tutupan, banjur tindak ing omahe wetane, sing kebeneran ana wong sing lagi reresik latar. Nuli ngendika :
Assalamualaikum,,, mbok ? Griyane Pak Wiro niku kok tutupan , tiyange sami teng pundi ?? pitakone Bu Lurah.
oo… Bu Lurah….. Pak Wiro niku lagi ngeterke Mok WIro menyang Puskesmas, sampun tigang dinten niki sambat mumet, malah wingi sampun kulo keroki. Tirose Pak Wiro, wau dalu mboten saget tilem amerga badane benter sanget. Mila wau mruput dibekta ndamel sepeda teng Puskesmas. Pituture Mbok tanggane.
Oo…. Ngoten a Mbok , matursuwun nggih disukani sumerep ! kula tindak rumiyen nggih Mbok, mangke kula aturne Pak Lurah.
Bubar ngendika ngendika, Bu Lurah banjur tindak. Esuke Pak Wiro wis nyambut gawe kaya adate. Pak Lurah sakwise diaturi garwane, ya ora omong apa-apa marang Pak Wiro. Ning sorene Pak Lurah kaleh Bu Lurah budhal menyang omahe Pak Wiro, nyambangi bojone sing jare lara.
Tekan ngomahe Pak Wiro, kabel padha ngumpul nunggone Mbok Wiro sing lara. “Assalamualaikum…. Pak Wiro .. !!! Pak Lurah uwis tekan lawang.
“Waalaikumsalam… Mangga pinarak !!! Pak.. Bu.. Lurah matur nuwun sampun dirawuhi . Jawabe Pak Wiro.
Pripun keadaane Mbok Wiro Pak ? pitakone Pak Lurah marang Pak Wiro sing lagi nunggoni Mbok Wiro tilem.
Ngendikane Pak Dokter,, mbok Wiro punika namung kekathahen mikir. Jawabe Pak Lurah
Oo….. Mikir apa to Pak ? pandhangune Bu Lurah alon alon.
Anu Bu,,, dhenok Marti punika wingi kandha, yen piyambakipun mboten pareng ndherek ujian kelas. Pak Wiro ora bisa nerusake crita, panyawange diuncalake marang Mbok Wiro lan Marti anake sing lingguh ana ing sisihe.
Pak , wis ta mboten napa-napa diceritake, supaya atimu entheng, masalahe rampung lan larane Mbok Wiro gelis mari ?? ature Pak Lurah.
“Mboten napa-napa kok Pak Bu ! Masalah namung sepele “ jawabe Pak Wiro karo ndingkluk
Banjur Pak Lurah lan Bu Lurah njejeri Marti ning kiwa tengene karo ndangu :
“Sejatine Mbokmu mikir apa ta ndok cah ayu , mengka yen aku lan Bu Lurah mesthi bakal ngewani ngentheng-enthengke ? “ marti isih meneng wae ketok yen wedi. Ning karo Bu Lurah didhedhes terus, mula karo nangis Marti ngatur :
“Simbok sisah amargi kula mboten angsal ndherek ujian awit ndereng mbayar arta SPP gangsal wulan !”
“WIs… ndok Marti, yen kuwi sing nyebabke Mbokmu lara, SPPmu tak cukupi, awakmu sesuk melbu sekolah kayak biasane ngaturke dhuwir marang gurumu !” Pituture Pak Lurah.
“Pak Wiro, sameyan mboten usah susah, sesuk isuk Marti ben melbu sekolah karo nyaoske dhuwit SPP sing limang sasi karo duwit ujian, supaya bisa melu ujian. Kuwi ora dhuwit utangan sing kudu mbok saur. Aku lan Bu Lurah ikhlas lahir batin”. Ngendhikane Pak Lurah marang Pak Wiro
Bubar ngendika ngono, Pak Lurah lan Bu Lurah banjur pamit wangsul sekalilhan nyalami Pak Wiro. Pak Wiro karo Marti nguntapke tekan latar.
Pak Wiro tansah bungah atine lan maturpanuwun marang Gusti, syukur ing kabeh peparinge, lan uga dene Gusti tansah ngabulake panyuwun Pak Wiro.
Komentar
Posting Komentar