Gusti Maha Welas
Gusti Maha Welas Kira-kira jam tengah wolu esuk, para anggota perangkat desa ing Desa SumberMulyo wis padha teka, amerga dina iku ana rapat ruwat bumi sing bakal dianakake suk sasi ngarep. Tradisi ruwat bumi ing Desa Sumbermulyo iku dianakake pendak telung taun sepisan. Kabeh warga kirap mubengi desa ngarak wulu wetuning desa kanthi dientha-entha gunungan. Sakwise kui diterusake tontonan, sing paragane iyo para warga kono wae , kanthi mentaske budaya seni sing uwis disiapke. Mengko minangka panutup tradisi yaiku wayangan sawengi natas ing bale desa. Tukang reresik bale seng jenenge Pak Wiro , nata meja kursi sing arep kanggo rapat malah ora melbu gawe Pak Lurah bingung. Gek ana apa ? Mangka adat saben, Pak Wiro kuwi mesthi sregep, gaweyan sing dadi kawijabane ditandangi dhisik, sadhela wae wis rampung njur ganti nandangi gaweyan liyane. Mula perangkat desa uwis siap, lan rapat arep diwiwiti, Pak Lurah menyang pawong nggoleki Bu Luruh njur ngendika. Bu,,,,, nek pawon wis akeh sing rewan...